Kamis, 06 Agustus 2009

Bersih Dusun ing Wuyantoro Lor lan Wuryantoro Kidul

Ing Lingkungan Wuryantoro Lor Acara Bersih Dusun mau dipengeti kanthi nanggap wayang purwo sedalu natas. Manggon ing daleme pak Kaling (Pak Bowo setiadi)pahargyan mau katon regeng. Senajan to ing wektu kuwi sorene disiram udan rodo sauntara, nanging ora ndadekake para warga ing lingkungan Wuryantoro Lor mau kendat. Sakdurunge para warga kanthi guyup rukun mbangun tratag/pasang kajang kanggo panggung padhalangan. Wengi iku kang ngebyakake pedhalangan dening Ki Domo kanthi njupuk lakon Werkudoro Babad Alas.

Ing wektu kang padha, ing Lingkungan Wuryantoro Kidul ugo nganakake Acara Bersih Dusun. Acara kasebut dipusatke ing daleme Bapak Sakiman (Kaling Wuryantoro Kidul) diramekake kanthi hiburan Band kang nampilake band soko ing tlatah Wuryantoro Kidul, mligine saka perkumpulan RT lan RW ing Lingkungan Wuryantoro Kidul. Tembang-tembang kang dinyanyekake akeh-akeh soko tembang kenangan koyoto : Koes Ploes, The Mercis, Pambers, lan soko group musik lawas kang isih kepenak dimirengake. Kajaba soko kuwi uga ana tembang-tembang anyar kang nyengsemake ati.

Kabeh mau minangka nguri-uri budaya bangsa lan nglestarekake adat pakulinan piyantun sepuh dek jaman ing uni. Dak kiro iki jumbuh kalyan panemune pamarentah kang tetep nglestarekake adat budaya ketimuran, kang tansaya suwe wiwit ditinggalake dening para generasi mudha. Generasi sakiki upama ditakoni marang seni budaya jawa dak kira arang banget kang mangerteni utawa bisa ngecakake. Kayata wiwit saka kang luwih gampang nulis aksara jawa wae saiki bocah-bocah kangelan, apa maneh biso beksa(tari) syukur nganthi nabuh karawitan.

Mulo mumpung durung kasep lan kliwatan jaman, marang anak didik/putra wayah kita wis wiwit dikenalake Budaya Jawa. Ing SD jaman mbiyen, iku duwe sak pangkon Gamelan, saiki gamelan mung kari pajangan ing museum, swarane saiki malih dadi ing kaset utawa CD, iki banget nrenyuhake tumrape kita piyantun Jawi.Opo maneh bab seni beksan utawa padhalangan, bocah saiki arang kang apal jeneng-jeneng wayang lan asal negarane, idolane wus gumanthi film-film saka manca negara koyo batman, superman, teletubies, catdog, spongebob, lan sak panunggalane. Uro-uro (rengeng-rengeng) kang bisa kanggo ngancani naliko arep mapan turu, saiki wis gumanti karo lagu-lagu hip-hop, rock, lan sakpanunggalane. Lan isih akeh maneh kang gumanthi lumantar wolak-waliking jaman iki.

Iki minangka wacana tumrap kita sadaya, amrih ana kawigaten marang budaya jawa kang adhi luhung puniki. Mekaten mugi handadosna kawuningan.

hipnotis Gentayangan Ing Karang Padesan

Malah ora tanggung-tanggung oknum hipnotis mau wani nekani korbane terang-terangan ing tengah sawah, sing racake korban mau para sedulur tani kang cubluk babagan ilmu pengetahuan dadi kanthi gampang diapusi. Modus operasine yoiku oknum mau wis mangerteni swasona lingkungan sakupenge, banjur nyoba ngetrapke bujuk rayu marang korban kanti basa kang alus, kanthi nylimurke kabeh perhatian korban banjur digeplek badane korban, saknaliko koyo dene ora sadar kabeh omongane oknum bisa dituruti korban, banjur aksi “perampokan halus” dilancarke dening oknum kasebut. Lumrahe sing diarah para ibu/simbok-simbok kang duwe mas-masan.

Kaya kang kedadeyang ing sacedake desa wewengkon kelurahan Mojopuro, ono sakwijine sedulur tani kang lagi duduh (matun) ing alase dhewekan (ijen) ditekani wong kang nyolowadi, wong mau nakokake kok mung ijen opo ora wedi. Terus ngobrol ngalor ngidul wekasane takon opo duwe kuningan (mas-masan). Diwangsuli ora duwe (tapi sedulur tani mau wis terpengaruh hipnotis kanti bujuk rayu) tapi wong mau ngerti yen duwe ali-ali. Diwangsuli maneh ora iso dicopot, wong ponakane wae nyopot ora iso saking sesak, mekso wong mau arep nyoba nulungi nyopot. Akhire iso dicopot terus diomongi ali-ali mau bisa kanggo sarat nyuburke tandurane, banjur di ubengke pojok-pojok galengan akhire dibungkus godhong jati. Bungkusan mau diwenehke mbok sedulur tani mau kapurih nyimpen sauntoro dina supoyo ojo dibukak dhisik, lan wong mau banjur nggeblas lungo. Bareng tekan ngomah mbok mau sadar yen diblituk wong, ali-aline ilang digondhol wong sing bubar nemoni ono sawah mau.

Seje maneh ing Ngh, Eromoko iki oknume wis wani mlebu ngomah lan hipnotis sing duwe omah. Critane mangkene, omahe lik S sing bebakulan bumbon lan marung ing desa mau wengine lungo arisan. Lha sing tunggu omah sisihane yo iku lik K kang nembe nandang gerah, diweling karo lik S: “yen mengko ono wong dodog-dodog lawang yen dudu aku ojo mbok bukake”. E... ora let suwe ono wong dodog lawang kanthi suworo banter : “tumbas lek!!”. Lha lik K mau rumongso ono sing arep tuku yo mekso mbukak lawang, bareng karo dicakne hipnotis mau lik K ngongak menjobo lha kok ora ono uwong (rumangsane lik K mau) banjur ditunggu wae karo lik K lungguh ono kursi cedak lawang mlebu nganti bojone teko. Bareng teko, takon opo ono wong moro? Dijawab jare ono wong arep tuku bajur ditoni kok ora ono terus ditunggu ono ngarep lawang. Lik S mau banjur niliki barang-barange, dhuwit oleh bebakulan sedino banjur ditiliki, amarga mau isih disimpen ono laci. Lha kaget ditiliki dhuwit Rp. 300.000,- sing sakgepok kok ora ono, lik S tambah deg-degan banjur niliki liyane. Ojo-ojo barang liyane katut ilang, TV, lan barang aji liyane ditiliki mboko siji, jebul isih utuh, dadi mung njupuk dhuwit telungngatus ewu mau thok.

Iki Crito kanggo para warga kang durung menangi kedadeyan iki supaya luwih setiti ngati-ati lan waspodo, supaya ora ono kedadeyan aksi hipnotis marang warga masyarakat sakupenge kita. Mula ayo ditingkatke kesadaran awake dhewe kanthi njogo ketentraman lan keamanan masyarakat. Ojo gampang kapilut dening wong kang durung dikenal, lan tetep ningkatake iman lan takwa marang Gusti ingkang akarya jagad, supaya tinebihna memala lan bebaya kang bakal teka.

asal usule sapi

Menawa arep nelusuri asal usule bangsa sapi sing saiki kasebar ing sak indenging bawono, kabeh mau asal usule seko sapi jenis primitif kang wis ngalami domestikasi utawa penjinakan, Sapi-sapi kuwi mau iso di pilah pilah dadi telung kelompok :
1. Bos Indicus (Zebu : Sapi sing ono punuke)
Sapi jenis iki sing akeh kasebar ing India lan akhire ugo ngrambah nang daerah2 liyane, Afrika, Amerika,Australia, Asia tenggara kalebu ing Indonesia. Ing Indonesia sapi seko keturunan Zebu iso di ngerteni ing antarane : Sapi Ongole lan peranakane , ugo sapi brahman.
2. Bos Taurus.
Bos Taurus yaiku bangsa sapi kang nurunake bangsa2 sapi potong lan sapi perah ing kawasan Eropa. Golongan sapi iki ugo akhire nyebar nang daerah liyo-liyane sing paling akeh ing Amerika, Australia, lan selandia Baru. keturunan Bos Taurus iki ugo wis akeh dikembangake para peternak ing Indonesia ,kayatha: aberdeen angus,hereford, shorthorn, charolais, simmental,limousin.
3. Bos Sondaicus (Bos bibos)
Golongan sapi iki dadi nenek moyange Sapi asli bangsa2 sapi ing Indonesia. Jenis Sapi iki termasuk keturunan banteng (bos bibos), keturunan sapi bos bibos iso dikenali kanthi akeh sing diternak turun temurun lan diperkirakake para ahli ono persilangan karo jenis Bos indicus sing ndadeake jenis2 sapi kang saiki kasebar ing Nuswantoro, ono : sapi bali , sapi madura , sapi jawa, sapi sumatra lan sapi lokal liyane.

Dadi sapine mbah Merto,sapine mbah Mangun lan sapine lik Paino kae isih keturunan seko banteng.

gambar saru

Gambar saru pancèn seru, mula akèh wong luru, golèk kanthi laku sing ora kalah seru: browsing ana internèt utawa ngalor-ngidul ngétan-ngulon marani saben ana wong buka dhasar VCD! Paling ora, kabar iku bisa disimak ana koran Suara Merdeka, kang mawartakaké anané pirang-pirang wong sing wis dicekel déning pulisi Karanganyar.

Wong-wong sing wis dicekel iku, salah sijiné (inisialé MI) dianggep nikelaké adegan sirkus ambèn utawa karonsih-é antarané Mbak DI sing penggawéané dadi SPG kalawan pasangané, yaiku Mas J. Niyaté pancèn arep kanggo dhéwé minangka kenang-kenangan kumpul keboné wong loro kuwi. Nanging, jebulé kok ora mung siji?

Pulisi duwé keyakinan yèn cacahé VCD ana nenem (6) sèri, kanthi bintang pilem gonta-ganti, jalaran Mbak DI wis kondhang kawentar duwé akèh pasangan kanggo olahraga kethèk-kethèkan. Nanging, piyé satenané sumangga kita nunggu asilé Pak/Bu Pulisi saka Polrès Karanganyar anggoné nyambut gawé.

Bakuné, kadadèyan iku bisa kanggo kaca pengilon kita kabèh. Jaman saiki, vidéo rékorder wis murah regané, paribasan sapa waé kuwat tuku yèn niyat nduwèni. Semono uga sing jenengé handphone, sing rega murah waé wis nganggo fasilitas bisa ngrekam vidéo. Teknologi sansaya maju lan lumrah, uga sansaya murah. Panggonan ngèdit gambar vidéo ya wis ngembyah, malah saben duwé komputer sing ana Windows-é wis ana fasilitas kanggo ngèdit gambar, foto utawa film vidéo.

Sing miturut aku dadi luwih perlu dibiyawarakaké marang kanca, sedulur, tangga teparo lan liyan-liyané, yaiku babagan keluwihan (uga kekurangané) téknologi jaman saiki. Waton barang èlèktronik sing digawé kanthi dhasar-dhasar komputer, kabèh sing wis kerekam bisa dilacak sanajan file asli wis dibrusak saka kertu mémori utawa harddisk.

Adol handphone sing wis tau kanggo ngrekam adegan tumpak-tumpakan, umpamané, kudu ngati-ati. Sawayah-wayah, rekaman iku bisa diceluk manèh sanajan wis diilangi saka kertu mémori kanthi teknologi kang diarani file recovery. Kanggo njagani, mbokmenawa ana bakul handphoné sing kurang ajar golèk-golèk gambar saru. Tukang ngèdit gambar vidéo uga kudu diwaspadani, timbang njalari mlebu mbui.

Mula, yèn pingin becik, ya ora perlu ngrekam adegan sing sejatiné mung pantesé dirasakaké pénaké timbang dadi perkara ing tembé mburiné. Wis awaké wirang, keluargané mèlu katut nyangga isin, lan sapanunggalané.